Udan grimis riwis riwis Hawa krasa atis tekan ing ati Mendhung isih gumantung Ati iki dadi krasa tumlawung Kembang mlathi ing latar Ganda arum sumebar angambar ambar Kagawa semilire angin wengi Ndayani rasa kangen ing ati Keprungu swara angkup Keprungu swara walang Keprungu swara kenthongan Wengi saya sepi Rasa kangenku ora bisa dak selakiUdan grimis riwis-riwis Hawa krasa atis tekan ing ati Mendhung isih gumantung Ati iki dadi krasa tumlawung Kembang mlathi ing latar Ganda arum sumebar angambar-ambar Kagawa semilire angin wengi Ndayani rasa kangen ing ati Keprungu swara angkup Keprungu swara walang Keprungu swara kenthongan Wengi saya sepi Rasa kangenku ora bisa dak selaki