Unggah ungguh basa Jawa ing jaman saiki nglimpudi 4 warna yaiku basa ngoko lugu basa ngoko alus basa krama lugu basa krama alus Basa Jawa kuwi kanggo sesambungan komunikasi ing masarakat Jawa uga kangga ngurmati utawa ngajeni sapadha padha Nyinau basa Jawi ugi ateges nyinai kados pundi mapanaken diri pribadi jumbuh kalihan jejeripun ing satengah tengahing masarakat Kanthi nyinau basa Jawi tiyang badhe mangertos jejer kalenggahanipun minangka anggota masarakat Jawi ingkang enem kedah ngurmat dhateng ingkang sepuh kanthi ngetrapaken basa krama alus saboten botenipun ngoko alus Ingkang sepuh ugi saged nglenggahi sepuhipun najan sepuh ngendikan kalihan ingkang enem manawi ingkang nem anggadhahi pangkat drajat lan kalenggahan ingkang sepuh inggih ngginakaken ngoko lau sminangka pakurmatan dhateng ingkang enem Unggah ungguh basa Jawi ngandhut 2 perkawis inggih menika pocap lan patrap ucapan lan tingkah laku Kalih kalihipun kedah jumbuh saengga trep ing tawisipun menapa ingkang dipunucapaken kaliyan tindka tandukipun Kautaman ingkang badhe dipun gayuh kanthi nyinau unggah ungguh basa Jawi inggih menika bisa gawe reseping ati lan ngepakake rasa marang wong liya tansah nglungguhake dhiri pribadi kanthi prenah lan mapan tansah ngugemi kasusialan tansah andhap asor lan urmat Ingkang makaten menika njalari prabadinipun tiyang menika dados tiyang ingkang nggadhahi budi pekerti ingkang luhur Tiyang ingkang budi pekertinipun luhur sae ing masarakat badhe kajen keringan dipu remeni tanggi tepalih dipunkurmati masarakat Sadaya kalawau inggih woh saking anggenipun ngetrapaken unggah ungguh basa Jawi Wonten unen unen saking para leluhur kita Ajining dhiri jalaran saka lathi ajining raga jalaran saka busana ajining bangsa jalaran saka budayaUnggah-ungguh basa Jawa ing jaman saiki nglimpudi 4 warna yaiku : basa ngoko lugu, basa ngoko alus, basa krama lugu, basa krama alus. Basa Jawa kuwi kanggo sesambungan (komunikasi) ing masarakat Jawa uga kangga ngurmati utawa ngajeni sapadha-padha. Nyinau basa Jawi ugi ateges nyinai kados pundi mapanaken ...diri pribadi jumbuh kalihan jejeripun ing satengah-tengahing masarakat. Kanthi nyinau basa Jawi tiyang badhe mangertos jejer kalenggahanipun minangka anggota masarakat Jawi, ingkang enem kedah ngurmat dhateng ingkang sepuh kanthi ngetrapaken basa krama alus, saboten-botenipun ngoko alus. Ingkang sepuh ugi saged nglenggahi sepuhipun, najan sepuh ngendikan kalihan ingkang enem manawi ingkang nem anggadhahi pangkat drajat lan kalenggahan ingkang sepuh inggih ngginakaken ngoko lau sminangka pakurmatan dhateng ingkang enem. Unggah-ungguh basa Jawi ngandhut 2 perkawis inggih menika pocap lan patrap ( ucapan lan tingkah laku). Kalih-kalihipun kedah jumbuh saengga trep ing tawisipun menapa ingkang dipunucapaken kaliyan tindka-tandukipun. Kautaman ingkang badhe dipun gayuh kanthi nyinau unggah-ungguh basa Jawi inggih menika : bisa gawe reseping ati lan ngepakake rasa marang wong liya, tansah nglungguhake dhiri pribadi kanthi prenah lan mapan, tansah ngugemi kasusialan, tansah andhap asor lan urmat Ingkang makaten menika njalari prabadinipun tiyang menika dados tiyang ingkang nggadhahi budi pekerti ingkang luhur. Tiyang ingkang budi pekertinipun luhur sae ing masarakat badhe kajen keringan, dipu remeni tanggi tepalih, dipunkurmati masarakat. Sadaya kalawau inggih woh saking anggenipun ngetrapaken unggah-ungguh basa Jawi.Wonten unen-unen saking para leluhur kita : Ajining dhiri jalaran saka lathi, ajining raga jalaran saka busana, ajining bangsa jalaran saka budaya